Minggu, 20 Januari 2013

Dasamuka


]
Prabu Dasamuka ratu sesongaran lan daksiya
Jenenge wektu lair yakuwi Rahwana, nanging amarga duweni rai cacah sepuluh, dheweke uga sinebut Dasamuka.
Rahwana utawa Dasamuka iki nduweni ibu jenenge Dewi Sukesi, putri Prabu Sumali raja Alengka. Bapake Resi Wisrawa, brahmana ing padhepokan Dederpenyu. Manawa digeret garis turunan saka ibune, Dasamuka isih kepetung keturunan Bathara Brahma.
Prabu Dasamuka duwe garwa Bathari Tari, putri Sanghyang Indra. Saka jejodhoan iki sajane nurunake putri titisan Dewi Widowati, nanging amarga arep dirabi dhewe dening Dasamuka, bayi sing lair saka Dewi Tari iki banjur dijupuk Gunawan Wibisana lan dilarung sajroning kupat sinta. Ari-arine disabda dadi bayi lanang lan diwenehi kekuwatan saka mendhung utawa mega. Mula iku, putra Dasamuka iki dijenengake Megananda utawa Indrajit.
Garwa selire Dasamuka akeh banget, antarane Dewi Sayempraba, putri Prabu Wisakarma saka nagari Guwa Windu. Dewi Urangayung, putri Sanghyang Baruna lan nurunake Arya Bukbis. Dewi Pratalawati putri Sanghyang Manikem, nurunake Raden Pratalamaryam. Garwa selir liyane antarane nurunake putra Trinetra, Trisirah, Trimurda, Trikaya lan liya-liyane.
Dasamuka duwe sedulur yakuwi Raden Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Dene sedulur tunggal bapak beda ibu yakuwi Prabu Wisrawana lan Prabu Danapati, loro-lorone dadi ratu ing nagara Lokapala.
Nalika Prabu Sumali seda, Rahwana jumeneng nata ing Alengka, sesandhingan karo patih Prahasta sing kepetung isih paklike dhewe. Watake Prabu Dasamuka kaya ora ana apike babar pisan. Sesongaran lan seneng daksiya, seneng mateni uwong kanthi cara sing kejem. Dasamuka duwe aji-aji Pancasonya saka Resi Subali. Kasektene aji Pancasonya iki ndadekake Dasamuka ora bisa mati sasuwene awake isih kena lemah.
Saperangan korban sing dipateni Prabu Dasamuka antarane Prabu Danapati raja Lokapala sing isih sedulur dhewe, Bambang Sumantri utawa patih Suwanda saka nagara Maespati. Prabu Banaputra raja Ayodya lan Resi Rawatmaja amarga prakara wanita, yakuwi rebutan Dewi Raguwati. Dene pusaka sing kanggo mateni para korbane, awujud pedang sing jenenge Mentawa.
Prabu Dasamuka sing kepengin duwe garwa jilmane Dewi Sri Widowati banjur nglamar putri nagara Ayodya sing jenenge Dewi Sukasalya utawa Dewi Raguwati, putri Prabu Banaputra. Dewi Sukasalya dijaluk peksa sahengga njalari perang antarane rong nagara kuwi mau. Prabu Banaputra wusanane gugur disabet pedang Mentawa. Resi Rawatmeja sing ngukuhi Dewi Sukasalya uga nemoni pati ing tangane Dasamuka. Dene Dewi Sukasalya njaluk tulung marang Resi Dasarata, lan ing tembe mburi wong loro kuwi bisa jejodhoan lan nurunake Sri Rama.
Ing Serat Ramayana dicritakake manawa Dasamuka kasil anggone nyolong Dewi Shinta, garwane Sri Rama. Wusanane banjur njalari perang gedhen. Ing perang kuwi, Dasamuka bisa dipateni dening Sri Rama. ::Damar Sri Prakoso::

Dasamuka

Adalah tokoh wayang cerita Ramayana, Dasamuka atau Rahwana adalah putra Resi Wisrawa dengan Dewi Sukesi, putri Prabu Sumali raja negara Alengka. Ia mempunyai tiga orang saudara kandung masing-maasing bernama: Arya Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka dan Arya Wibisana. Dasamuka juga mempunyai saudara seayah lain ibu bernama Wisrawana (Prabu Danaraja) raja negara Lokapala, putra Resi Wisrawa dengan Dewi Lokawati.
Dasamuka berwatak angkara murka, ingin menangnya sendiri, penganiaya dan penghianat. Berani dan selalu menurutkan kata hati. Ia sangat sakti. Memiliki Aji Rawarontek dari Prabu Danaraja dan Aji Pancasona dari Resi Subali. Dasamuka menjadi raja negara Alengka mengantikan kakeknya, Prabu Sumali dengan menyingkirkan pamannya, Prahasta. Ia membunuh Prabu Danaraja kakak tirinya dan merebut negara Lokapala.
Dasamuka pernah menyerang Suralaya dan memperoleh Dewi Tari, putri Bathara Indra dengan Dewi Wiyati yang menjadi istrinya dan berputra Indrajid (Megananda). Dasamuka juga menikah dengan Dewi Urangrayung, putri Bagawan Minalodra dan berputra Pratalamayam. Dari beberapa orang istri lainnya, Dasamuka berputra antara lain: Yaksadewa, Trisirah, Trimuka dan Trimurda. Dasamuka sangat menginginkan dapat memperistri wanita titisan Bathari Sri Widowati. Ia pernah mengejar-ngejar Dewi Kusalya, ibu Prabu Rama dan kemudian menculik serta mensekap Dewi Sinta, istri Prabu Rama selama hampir 12 tahun di taman Hargasoka negara Alengka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar